PENGETAN DINTEN KARTINI
Assalamualikum
Warahmatullahi Wabarakatuh.
Nuwun
Bapak kepala sekolah SMPN 01 Banyubiru ingkang satuhu pakurmatan,bapak ibu guru
satuhu kinurmatan saha kanca-kanca kelas
7 ngantos 9 ingkang kula tresnani.
Puji syukur kula aturaken dumugi gusti
ingkang maha agung bilih dinten menika saged kempal ing adicara punika kanthi kawontenan sehat
walafiat.
Mboten kesupen kula ngaturaken panuwun
dhumateng para sederek sampun kepareng nglonggarake wekdal seged sowan ing
pengetan punika kanthi kersa paring berkah pangestu.
Para rawuh ingkang kula hormati ,
Raden Ajeng Kartini sampun mulihake hak
kaum estri ingkang sampun dirampas dening
penjajah.Raden Ajeng Kartini mboten naming brejuang kangge kangge kelompok kaliyan golonganipun,ananging
Raden Ajeng Kartini berjuang kangge kita sedaya.Raden Ajeng Kartini menika
golongan bangsawan.nanging Raden Ajeng Kartini purun berjuang kangge kita terutama kaum estri.
Raden Ajeng Kartini ngadadekake sekolah pawestri,supados tiyang estri ugi
pinter,kados tiyang kakung.Amargi perjuanganipun Raden Ajeng Kartini kaum estri dados kaya
tiyang kakung. Nanging ing jaman saiki,ingkang marai Kartini sedih ,kathah para
tiyang estri sami klintu arahipun.
Raden Ajeng Kartini berjuang nuju
emansipasi/hak sami antasipun priya kaliyan wanita,ananging tetep kodrat estri
mboten sami kaliyan priya.Tetep tiyang kakung menika pemimpen wanita.
Cekap semnaten atur kula kirang
trapsila saha kathah kalepataning angen
kula matur,kula nyuwun pangapunten.
Matur nuwun
Wassammualikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar